28 May 2011

Gegurit Tukang Ngarit



saiki banyu turah-turah
esuk udan awan udan
bengine nggrejeh juweh
dadi banjir na ngendi-endi.

pa gak isa diwadhahi ?
pa gak isa dicelengi ?
pa gak isa kalen kali dha diresiki
nggo wadhah berkah sing saiki turah
nggo suk mben lek samangsa perlu
nggo suk mben wektu larang banyu

wit-nangka wit-sawo wit-durene simbah
wis binelah-belah didadekna omah
alas pring-petung pring-ori na nggumuk dul kali
saiki wis gilar-gilar dha didegi loji peni
[ nanging mesthi dha lali gak nggawe biopori ]

pripun niki Pak ?
pripun niki Mbok ?
pripun niki Lik ?
pripun niki Wa ?
pripun niki Mbah ?
putra, ponakan lan putu paduka pun dha kambon sekolah
ning kok malah kathah sing dha mboten saged dadi berkah
malah dha ngerah-srakah ngungkuli patrape kaum penjajah.

//

( Dimuat di Facebook Kawruh Jawa, 1 November 2010 )